RSS

GURIT SATIRE



MANGAN AWAN
Dening : Sudi Yatmana


Asune The Sie Ing kae
Susu saliter ngombene
Daging rong ons lawuhe
Sega sapiring dicampur vitamin-vitamin warna telu minangka sarapane

Kala-kala yen njegoge kurang banter
Nyerege ora mak wer-wer
Nyatheke rada ngleler
Digawa numpak mobil dipriksakake dokter
Disuntik antilelarane ing gulune
Sing duwe nukokake obat-obat sarta kabutuhane

Kuwi asu
Lha aku

Aku iki piranti cilik saka peranganing pabrik
Manganku awan sega wungkusan
Tau kesereten kelelegen kelingan anak njaluk dolanan
Tujune digawani ngombe dening emboke
Botole diseselake ing rangsel kumel
Kuwi bae bola-bali kancaku nakokake
“kowe nggawa ngombe
Ngombemu isih
Aku njaluk sithik ya”

Ing wayah sore
Tenaga pikiran lan krenteg
Kabuntel dening rasa kesel

Kaya-kaya ora kober aweh kawigaten
Marang anak bojo kulawarga
Srawung karo tangga kaya kepeksa

Yen ana ngelu mulese
Digolekake bangsane temu saanane
Dene siji kuwi ora tau lali: dikeroki

Manganku awan sega wungkusan
Wungkusan kanugrahan:
Pangandel pangarep-arep lan kawelasan
OH GOD, NEXT TIME BETTER
(25 Juli 2002)



KORUPSI
Dening : Nini Klenyem


Jaman saiki kabeh wong wis padha mangerti
Apa teges lan maknane tembung korupsi
Ya kuwi nylingkuh .... ngunthet .... nyolong dhuwit negari
Dadi nek ora duwe wewenang ya ora bisa nglakoni
Digerba mesthi pendhuwur lan panguwasa sing dha miwit
Pidak jempol krasa enak krasa legi dadi numani
Tugas lirwa ning rina wengi mung kuwi sing dipikiri
Delengen wetengmu nganti mblendhuk miyi-miyi

Nek jare mikirke rakyat sing mlarat kesrakat
Sing urip kulina cingkrang ning ra tau sambat
Bon-bonane cendhek cengel, utange sa arat-arat
Weteng kothong diganjel singkong ben bisa gumlawat
Saiki mangan, sesuk embuh sing diemplok kanggo pikuwat
He para pemimpin kowe kuwi uripmu beja
Samubarang kari dhawuh ra tau rekasa
Sing kok prentah anane mung inggih lan sendika
Gajimu wis gedhe genea isih srakah lan ngangsa
Dhuwit pajeg saka rakyat kuwi ya bali nggo kawula
Aja padha kok korup kanggo seneng lan nguja hawa
Apa ora isin yen konangan jenengmu dadi kajuwara?
Neng TV rupamu disawangwong sanegara
Komentare kawula “Galo sing mbadhog dhuwit negara”
(Djaka Lodang No. 34/Th.XLII, 19 Januari 2013)

GUNEME SI DHADHAP LAN WARU
Dening : R. Bambang Nursinggih, S.Sn.


Titen-titenan Kang Waru
Niteni bab apa Dhi Dhadhap
Bab janjine para politisi kang nyidham lenggah kursi
Kepengin lenggah kursi we kok ndadak nganggo janji ta Dhi
Sejatine sing diangkah dudu kursine, nanging tunujangane
Hus, aja waton muwus Dhi, mundhak kebentus

Apa pancen wis kinodrat pendhak arep ganti pepimpin
Janji-janji pait madu ndlidir nyangking iming-iming mathis
Githok mrinding, ati miris, kasembir mingis-mingis kedaling lathi
Rina wengi girap-girap pindha ancik-ancik pucuking eri

Ati wis kebacut jinja manising janji
Senajan dilelithik mas picis
Tekad milih ora bakal kakikis
Milih kanthi tajeming batin
(Djaka Lodang No. 01/Th. XXXIX, 6 Juni 2009)

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

CUPU MANIK ASTHAGINA







LELAKONE DEWI WINDRADI
Dening :Sumaryono


Ngger Guwarsa putraku
Ibu sumadya nampa sabdane ramamu
Aja mbok gawe sungkawa atimu
Nanging uga waspadakna samubarang kang semu

Ngger Guwarsi putraku
Mangertiya sejatine laku
Ibu ora bakal dadi tugu
Yenta dudu saka pakartiku

Nanging putraku
Ibumu manungsa satuhu
Duwe pepinginannuruti hardaning kalbu
Kang tininggal ramamu
Tan eling butuhing wanita

Ngger putriku Anjani
Wus pinesthi dalane
Sira kang bakal miyak waddiningtresna Bathara Surya
Cupu Manik Asthagina iki pinangka tandha mata
Nanging uga dadi sumbering memala

Ngger putraku kabeh
Ramamu Resi Gotamawus paring supata
Kuwatna lakumu, resikana atimu
Merga lairmu saka reretu tumindak saru
Ingapuranen luputku
Ibu narima dadi watu bisu
Kang tan bisa maelu ngluwarke putraku kabeh
Saka pepalang kang bakal koksandhang
Lurunen tapak-tapaking karma
Nganti tekaning satriyatama
Wohing tapabrata

Ibu pamit ngger,….
Kanggo saterusing wektu
Ngrantu jagad uwal king talining dewa
(Djaka Lodang No.41, 13Maret 2010)


 


Endi Dununge
Dening : Senggana


Sun iki turune Sang Gotama
nedya nggoleki jimat sejati
cupu manik asthagina

Sun tlasak sakubenging wana
sun kebur Tlaga Madirda
sun silemi dhasaring pratala

Megeng napas njejak siti bantala
del mumbul ing jumantara
tumekeng mega lapis sapta

Sun sawang keblat papat
kidul wetan lor lan kulon
nanging tan ana katon

Nuli ambles ing dhasar bumi
nedya takon mring Ibu Pertiwi
endi dununge jimat sejati
tan kasil kapeksa bali

Ana tembung tanpa sabda
ana swara tanpa rupa
yen cupu manik Asthagina
manggon aneng telenging nala





  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

BALADA RAGAPADMI




BALADA RAGAPADMI
Dening : ET Jatmiko


Sira dewi Ragapadmi
Kenya weweg sulistya ing warni grana rungih
Mripat alindri-lindri mangkana dadi pangawak bethari
Lha, punika ta wau dewi Ragapadmi
Kena lelara kang nggegirisi
Awak sakojur ano-anda trasi rama sungkawa, ibu ngenes ati

“dhuh dewa, paringana usada
Lan kanugrahan mring kang badan amba
Sambate Ragapadmimlas asih

“wau ta sang nata binathara
Nitahken abdi dalem kang kalem
Bangsacara ngaran dalem

“sira Bangsacara kang setyatuhu
Ragapadmi sun pasrahake melu
Rumaten nini putraku”

“adhuh gusti”, jelih-jelih
Bangsacara sendika, ajrih”
Lha lajeng kepripun malih?”
Oh dewa kang minulya
Ragapadmi antuk usada bali weweg sulistya
Tinebihnamemala
Lan elinga marang Kang Murbeng Bawana
Wau ta Bangsacara – Ragapadmi
Wis urip bareng saresmi
Kang aprasetya tumekeng pati
Pepalang mbebayani katrajang wani

Wau ta Bangsapati
Ingutusnggawe paeka akal bulus
Njaluk dewi Ragapadmisaranta alus ngerah
Bangsacara dimen lampus
Kocapa Bangsacara ing Mandangin
Bebedhag menjangan telungatus
Ingkang ingutus putih akal bulus
Tan weruh bilahi sangkaning
Njrebabah sida andhepani bumi
Bangsacara nemahi pati
Dening ki patih titisane Sengkuni

Oh dewi Ragapadmi, ….
Sumusula maring rakanya
Suduk salira bela palastra
:makaten wau ujaring kandha
(Panyebar SemangatNo.35, 29 Agustus 1987)





  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

BALADA SANG KARNO




Wengi Ing Pinggir Bengawan
Dening : Moch. Nursyahid P 






-Dhuh kowe sapa wanodya
netramu sumorot bening ngluluhake atiku
(banyu bengawan kang semu abang malerah
terus mili nggawa rereged lan sangkrah)

+aku kunthi ibumu, dhuh ngger anakku
kang nglairake kowe tohing nyawaku
(rembulan njedhul seka waliking mendhung
bali lelayaran ing langit tumlalwung)

 -kowe apa kunthi ibune Arjuna mungsuhku
geneya ing wengi sepi iki keraya-raya teka mrepegi aku
kanthi tanpa cecala nganti gawe kagetku
(angin wengi sumiyut nampegi rai
nggawa ngambar aruming kembang melathi)

-bener kandhamu ngger anakku
aku pancen uga ibune Arjuna
apa atimu isih rumangsa tidha-tidha
(Kunthi atine geter karo tumenga
banjur dipandeng suwe putrane kang wis jejer adipati Ngawangga

-apa ngimpi ta aku iki
nampa nugraha kang tanpa pepindhan
ketemu ibuku kang wis murca tetaunan
sing bakal ngentas wong sudra padha papa dadi mulya tanpa wewangenan

+awit seka keparenge dewa, aku lan kowe ketemu meneh, anakku
kanggo nyuntak rasa kangen lan kapang
sawise tetanunan mung kandheg ana rasa lan lelamunan
(wengi terus nggremet tumuju pusere
anak lan biyung padha ngumbar pangrasane dhewe-dhewe)
-dhuh, ibuku, kekasihku, ya pepundhenku
selehen astamu kang adhem pindha salju ana bathukku
kareben aku bisa nglalekake critane bayi abang
sing ditinggal biyunge ing pinggir bengawan
-butheke kanggo nutupi isin lan wirang
tanpa ngelingi menawa katresnan kuwi regane larang

+oh, aja ndedawa lara anakku
ayo enggal ndherekake ibu
bali kumpul karo kadang-kadang pendhawa
ninggalake korawa angkaramurka
kanggo memayu hayuning bawana
(Karno mandheg mangu karo sedhakep
ora keconggah ngampet katrenyuhan kang saya ngruket)

-kasinggihan, aku bakal mundhi dhawuhmu ibu
nanging sawise aku penjenengan tuntun tekan tepis
wiringe bengawan kana
apa bakal ketemu biyungku kang wis murca sesidheman
yen mengkono rak kaya impen tengah wengi kang kecunthel tekane raina
kang mrusa lakune takdireing dewa bathara
sawise aku lan Arjuna wis kadhung dadi mungsuh bebuyutan

+aja nambahi dosaku dhuh anakku
sanajan aku wis jejer ibune Pandhawa, nanging durung rumangsa mulya yen anakku
mbarep isih ngulandara
aku pancen biyung duraka kang wis nyelaki lairmu ing donya
mula gelema kowe angluberna sih pangaksama
lan tekaku mrene ora mung arep ngrangkul kowe
nanging uga kepengin nglungguhake marang jejer kang samesthine
(eluh trenyuhan ora bisa dibendung
muwuhi wengine saya tumlawung)

-oh, ora bisa dhuh Kunthi ibuku
kasunyatan aku mung anak kusir Adirata kang sudra papa
kang ora kepengin ngranggeh kaluhuran sing ngliwati ukuran
taline katresnan kang wis dipunthes kanthi peksa
langka bisa bali mulih karana manising janji lan pangiming-iming
apa maneh mung dipameri runtuhing eluh kang wis kadaluwarsa
asor banget budiku ngaku-aku anake raja-raja sinatriya kang ambeg utama
mula lilakna aku bakal ayun-ayunan ing alaga karo Arjuna

+dhuh anakku kang tuhu berbedu
geneya kowe nduwa penjaluke ibu
kaya wis pesthine dewa, aku kudu nyangga dosa tumekane pati
bibit kaluputan sing mung sawiji sawi
jebul ngrembaka dadi gedhe sundhul wiyati
bayi kang lair seka guwa garbaku
ditakdirake dadi mungsuh bebuyutan kadang-kadang dhewe
dhuh dewa dhuh bathara
banjuten jiwa raga kawula
(Kunthi nangis ngguguk ing antarane gebyaring lintang
pengarep-arep sakala ilang ing sungapaning bengawan)

-dhuh ibuku kang daktresnani
aja kebangeten nelangsa penggalihmu
mung aku nyuwun puji pangestumu
muga-muga aku tansah manggih yuwana
senajan pesthine kudu ngakoni kaunggulane Arjuna
dadi bantening perang Baratayuda
dhuh ibu, apa garising urip kudu dakprusa klawan degsiya
kaya nalika lairku duk semana ditinggal ana pinggir bengawan ijen wuda
saengga kudu mecaki papa cintraka lawan wareg pangina
mula tinggalen ijen maneh aku anak kene tanpa tidha-tidha
kareben bisa ngantepi darmaning satriya tama
(Kunthi meh wae ambruk kapidara
klawan rereyongan banjur ninggalake bengawan
kadiparan nglari sesotya kang wis musna saka embanan)
 (Antologi puisi 1940-1980, editor Suripan Sadi Hutomo)



 

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS