RSS

GURIT MERAPI



KASETYAN
(Pisungsung katur Mbah Marijan)

Ngugemi dhawuhing sesembahan
Kang kacetha ing layang kekancingan
Panjenengane teguh nindakake ayahan
Tuhu setya ing jejibahan
Temah wani ngadhepi kanyatan

Rikala bebaya nekani
Gunung Merapi metu geni
Saperangan wis padha ngungsi

Simbah isih panggah njagi


Nadyan tuwa tetep rosa
Datan mingkuh ing bebaya
Ora wedi sakeh rubeda

Wus dadi kersaning Pangeran
Mbah Marijan tinimbalan sowan
Pinuju nindakake ayahan
Sholat sujud mring Pangeran

Dosane muga antuk pangapura
Amale muga ditampa
Lan Gusti angganjar swarga


(Mekar Sari, Minggu Pahing 31 Oktober 2010)

GUNUNG MERAPI

Gunung Merapi
Gedhe dhuwur nggegirisi
Sing mulat mesthi tanya
Baya sapa kang akarya

Gunung Merapi
Mawa kukus lawan geni
Lamun kurda mutah lahar
Bilih nrajang kabeh kobar

Gunung Merapi
Udan awu duk inguni
Geger sagung para janmi
Tilar wisma mlayu ngungsi

Gunung Merapi
Samengko wis tata rapi
Pepereng lawan jejurang
Bali kebak kambah tiyang

Gunung Merapi
Sinawang tuhu ngresepi
Biru laut maya-maya
Lir bludru ginelar tata


MERAPI 1
Dening : Irul S Budianto


Ana tangis layung-layung
Tangise anank nggoleki biyung
Ing pucuk cemara ngganter swarane gagak
Werdine labuhan sapa sing bisa nyuwak

Miwiri isine kitab-kitab kuna
Sang pujangga pijer netesake waspa
Bregase merapi terkadhang angel disanak
Wedhus gembel kebacut lunjak-lunjak

Jerit tangis lan tatu-tatu
Dadi langgam wayu saurute wektu


MERAPI 2


Ana sing kecicir saka crita lawas
Unine ramalan ora nate digagas
Ing pang-pang garing prenjak lunjak-lunjak
Nyupatani kekarepan puguh angel dipenggak

Pucuk merapi isih panggah mengangah
Kenthele mitos ora nate diongkrah-ongkrah
Yen wis janji ora bisa lumayu
Anak putu mung kari tumungkul amarikelu
Ketang lungguh ing gelaran klasa bedhah

Guyu-guyu renyah wis ora ana
Gumyake labuhan sapa sing njaga?


EPIGRAM MERAPI


Sapa sing kuwawa ngrangkul merapi
Nalika lungiting mitos angel diwiwiri
Sang senapati puguh ora gelem mudhun
Nangisi kinahrejo saikine sepi samun


KABAR SAKA KINAHREJO


Lemah pidakan kebacut morak-marik
Bocah-bocah wis ora bisa dolanan benthik
Lintang rembulan katutup mendhung angendanu
Saurute wengi mung nyisakake impi-impi klawu

Saka gegrumbulan keprungu swara
Ngeres-eresi ati
Sang satriya kadhung katrem ngeloni merapi
Aja takon werdine jejibahan
Dhawuhe sultan gumawang ing pendhak labuhan

Ing pojok dhusun mawar melathi isih semi
Mengkone sapa sing gelem ngrumat
Lan nyirami
(Jagad Sastra Harjo, Kemis Kliwon 23 Desember 2010)


 GUNUNG MERAPI


Gunung Merapi
Gedhe dhuwur nggegirisi
Sing mulat mesthi tanya
Baya sapa kang akarya
Gunung Merapi
Mawa kukus lawan geni
Lamun kurda mutah lahar
Bilih nrajang kabeh kobar
Gunung Merapi
Udan awu duk inguni
Geger sagung para janmi
Tilar wisma mlayu ngungsi
Gunung Merapi
Samengko wis tata rapi
Pepereng lawan jejurang
Bali kebak kambah tiyang
Gunung Merapi
Sinawang tuhu ngresepi
Biru laut maya-maya
Lir bludru ginelar tata


Merapi
Dening : Puthu Aryana


Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

 

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar