RSS

GURIT GOTONG ROYONG


 Ayo Gotong Royong
                      Dening : Sdwijosusastro 


Kembang-kembang terong 
Mbang terong megare sore 
Ayo gotong royong 
Gotong royong nyambut gawe

            Kembang-kembang lembong 
Mbang lembong dironce-roce 
Ayo gotong royong 
Guyup rukun kabeh wargane 
……………………………                           
Wus dadi kodrate 
Manungsa mono tan  bisa urip dhewe
Saka lahir prapteng patine
Tansah gumantung sapepadhane

Mula,  urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Kudu lila legawa
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Iku semboyane
Mempeng makarya kiwakna pepulih
Murih salwiring gati
Titi tamat telas lulus basuki

Kabeh pakaryan  linakwan
Kanthi seneng ulat padhang tan nggresula
Urun bau suku, penggalihan, apadene  redana
Kanthi dhasar karukunan
Mahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja


    Sengkut Gumregut
    Dening : Sdwijosusastro

Langit wetan sumamburat abang
Trontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagad
Embun esuk lir mutyara rinonce
Angawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langit
Kapyarsi dara muluk angaluk-aluk
Celuk-celuk warga desa Punthuk
Murih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithi
Lumampah datan  ana pedhote
Pacul, arit, dhandhang, linggis
Wus samekta ing asta
Gya makarya saiyeg saekapraya
Sengkut gumregut  tumandang kardi
Nambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen  tekad waja
Linambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,
Holobis kuntul baris
Pakaryan abot lan nglengkara
Dadya nyata
Setu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh


Ndandani kretek
            Dening : Nur Rahmawati
Dina minggu aku sakanca pada saiyeg saeka praya
Nggawa pacul, ekrak lan sapu sada
Anyengkuyung para warga

Tuwa enom jaler lan estri
Kabeh warga padha kerja bakti
Kretek rusak den dandani
Gotongroyong saekta kapti

   Gumregah
Dening :  Tiyasti

Tekamu tanpa rupa
Tanpa wacana
Nanging mung kanthi swara
Kekuwatanmu tan kena kinira
Gawe manungsa tan bisa suwala

Lindhu gedhe duk rikala samana
Gawe atising nala
Ora cilik ora gedhe, ora tuwa
Ketiban rubuhe griya
Sing dinulu mung raga tanpa nyawa

Tangis lan sambat tanpa guna
Awit kabeh wis sunyata
Dadi kersane Kang Maha Kuwasa
Para sedulur ing Bantul kang sutresna
Ayo padha cancut taliwanda
Gumregah mbangun desa saiyeg saeka praya

Percaya yen petenging jagad iku
Mesthi ginanti padhang jingglang
Kang agawe tentreming manungsa
                                   (DL. No. 28, 9 Desember 2006)

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar