RSS

BALADA SUTASOMA



SUTASOMA
Dening : Rama Sudi Yatmana



Putra raja mahaketu
Sutasoma asmane
Suci penggalihe
Luhur bebudene
Ganep pangibadahe

Panjenengane
Orakersa palakrama
Ora kersa kajumenengakenata
Malah mentaratinggal praja
Munggah gunung himalaya
Tapa
Ngudi sampurnaning dumadi

Tau kakereg raseksa
Asirah gajah prakosa
Sumedya kamangsa
Nanging denawa sor prabawa

Naga galak ndengangakangakak-akak
Nyedhak
Nedya gawe pralaya
Sakala tanpa daya
Ati kairis-iris
Paksaanungkul aris
Pasrah jiwa pasrah raga

Denawa naga
Loro-lorone nuli setya ing panjenengane
Denawa naga
Loro-loronenuli prasetya ing sangarsane

“Wiwit samangke
Ngantos dumugining kukut ing tembe
Kula kekalih sumagah
Mboten nedya damel pepejah
Dhateng sesamining tumitah”

Kocapa ing jurang jero ana macan kaliren
Arep mangsa gogore
Kamangka malah nusoni kudune
Sutasoma amulat priksa
Gya mengkak lan paring sabda

“he, aja
Aku bae mangsanen”
Macan sanalika nubruk
Sutasoma jajane kacokot karemuk
Kaisep ludirane
Nganti satuntase
Satemah sutasoma seda

Macan marem
Nglemprak sakepenake ndhekem
Suwe-suwe thenger-thenger
Kagagas-gagas
Eling menawa mentas gawe tiwas

Mripat kumembeng kaca-kaca
Dhadha kadheseg panalangsa
Mingseg-mingseg nggetuni tumindake langip
Nerak angger-anggering urip

Nglosod ndedagan anor raga
Ing sutasoma kang kunarpa
Nangis mawantu-wantu keduwung
Wus tan bisa amawas
Seseg meh kepedhotan napas

Dumarojog tanpa larap-larapan
Bathara indra dadi lantaran
Tumurun ing marcapada
Nguripake sutasoma
Sutasoma dinamu dinama
Sakala sugeng jati waluya

Banjur
Sutasoma munjuk matur
“dhuh pukulun
Punapa dene amba paduka gesangaken
Jer amba sampun rumaos tentrem
Manggih kamulyan ing alam langgeng
Paduka puniika lepat
Kados pundi dene paduka ngungkih kasampurnaning dumadi”

Ririh bathara indra anauri
“kulup sumurupa
Lamun sira nora ingsun gawe waluya
Jeneng tanpa pitutus kabecikanira
Amarga si macan panangis mesthi tanpa kendhat
Kaduwung mesthi kaliwat-liwat
Ora wurung ngenesing ati
Nganti tumeka lemesing ati
Dene samangsa mati biyunge
Tan wurunga iya mati gogore
Kepriye”

Kanalar-nalar bener
Bathara indra satuhu salejer
Sutasoma iya bisa nampa
Sabda pangandikane bathara

Sigra bathaera indra musna
Sutasoma mbacutake anggone tapa brata
Meper sarta ngikis angkara murka
Ngungsed kasampurnan jati
Mulung ing kamulyan adi

Sawise kasidan ing sedya
Banjur kondur marang praja
Tumuli palakrama
Lagi kersa jumeneng nata

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar