Wengi Ing Pinggir Bengawan
-Dhuh kowe sapa wanodya
netramu
sumorot bening ngluluhake atiku
(banyu
bengawan kang semu abang malerah
terus
mili nggawa rereged lan sangkrah)
+aku
kunthi ibumu, dhuh ngger anakku
kang
nglairake kowe tohing nyawaku
(rembulan
njedhul seka waliking mendhung
bali
lelayaran ing langit tumlalwung)
-kowe
apa kunthi ibune Arjuna mungsuhku
geneya
ing wengi sepi iki keraya-raya teka mrepegi aku
kanthi
tanpa cecala nganti gawe kagetku
(angin
wengi sumiyut nampegi rai
nggawa
ngambar aruming kembang melathi)
-bener
kandhamu ngger anakku
aku
pancen uga ibune Arjuna
apa
atimu isih rumangsa tidha-tidha
(Kunthi
atine geter karo tumenga
banjur
dipandeng suwe putrane kang wis jejer adipati Ngawangga
-apa
ngimpi ta aku iki
nampa
nugraha kang tanpa pepindhan
ketemu
ibuku kang wis murca tetaunan
sing
bakal ngentas wong sudra padha papa dadi mulya tanpa wewangenan
+awit
seka keparenge dewa, aku lan kowe ketemu meneh, anakku
kanggo
nyuntak rasa kangen lan kapang
sawise tetanunan mung kandheg ana rasa lan lelamunan
(wengi
terus nggremet tumuju pusere
anak
lan biyung padha ngumbar pangrasane dhewe-dhewe)
-dhuh,
ibuku, kekasihku, ya pepundhenku
selehen
astamu kang adhem pindha salju ana bathukku
kareben
aku bisa nglalekake critane bayi abang
sing
ditinggal biyunge ing pinggir bengawan
-butheke
kanggo nutupi isin lan wirang
tanpa
ngelingi menawa katresnan kuwi regane larang
+oh,
aja ndedawa lara anakku
ayo
enggal ndherekake ibu bali kumpul karo kadang-kadang pendhawa
ninggalake
korawa angkaramurka
kanggo
memayu hayuning bawana
(Karno
mandheg mangu karo sedhakep
ora
keconggah ngampet katrenyuhan kang saya ngruket)
-kasinggihan,
aku bakal mundhi dhawuhmu ibu
nanging
sawise aku penjenengan tuntun tekan tepis
wiringe
bengawan kana
apa
bakal ketemu biyungku kang wis murca sesidheman
yen
mengkono rak kaya impen tengah wengi kang kecunthel tekane raina
kang
mrusa lakune takdireing dewa bathara
sawise
aku lan Arjuna wis kadhung dadi mungsuh bebuyutan
+aja
nambahi dosaku dhuh anakku
sanajan
aku wis jejer ibune Pandhawa, nanging durung rumangsa mulya yen anakku
mbarep
isih ngulandara
aku
pancen biyung duraka kang wis nyelaki lairmu ing donya
mula
gelema kowe angluberna sih pangaksama
lan
tekaku mrene ora mung arep ngrangkul kowe
nanging
uga kepengin nglungguhake marang jejer kang samesthine
(eluh trenyuhan
ora bisa dibendung
muwuhi
wengine saya tumlawung)
-oh,
ora bisa dhuh Kunthi ibuku
kasunyatan
aku mung anak kusir Adirata kang sudra papa
kang
ora kepengin ngranggeh kaluhuran sing ngliwati ukuran
taline
katresnan kang wis dipunthes kanthi peksa
langka
bisa bali mulih karana manising janji lan pangiming-iming
apa
maneh mung dipameri runtuhing eluh kang wis kadaluwarsa
asor
banget budiku ngaku-aku anake raja-raja sinatriya kang ambeg utama
mula
lilakna aku bakal ayun-ayunan ing alaga karo Arjuna
+dhuh
anakku kang tuhu berbedu
geneya
kowe nduwa penjaluke ibu
kaya
wis pesthine dewa, aku kudu nyangga dosa tumekane pati
bibit
kaluputan sing mung sawiji sawi
jebul
ngrembaka dadi gedhe sundhul wiyati
bayi
kang lair seka guwa garbaku
ditakdirake
dadi mungsuh bebuyutan kadang-kadang dhewe
dhuh
dewa dhuh bathara
banjuten
jiwa raga kawula
(Kunthi
nangis ngguguk ing antarane gebyaring lintang
pengarep-arep
sakala ilang ing sungapaning bengawan)
-dhuh ibuku kang daktresnani
aja
kebangeten nelangsa penggalihmu
mung
aku nyuwun puji pangestumu
muga-muga
aku tansah manggih yuwana
senajan
pesthine kudu ngakoni kaunggulane Arjuna
dadi
bantening perang Baratayuda
dhuh
ibu, apa garising urip kudu dakprusa klawan degsiya
kaya
nalika lairku duk semana ditinggal ana pinggir bengawan ijen wuda
saengga
kudu mecaki papa cintraka lawan wareg pangina
mula
tinggalen ijen maneh aku anak kene tanpa tidha-tidha
kareben
bisa ngantepi darmaning satriya tama
(Kunthi
meh wae ambruk kapidara
klawan
rereyongan banjur ninggalake bengawan
kadiparan
nglari sesotya kang wis musna saka embanan)
(Antologi puisi 1940-1980, editor Suripan Sadi
Hutomo)
0 komentar:
Posting Komentar