RSS

GURIT SUWARDI ENDRASWARA









Dasamuka Ngoyot Kates

Dasamuka kang leledhang ing tengah bebungah
Wus Nyithak topeng-topeng setan abang
Kang kanggo aling-aling satriya berem
Pawongan kuning sing jerohane ireng
Getihe wus kenthel carub virus samar
Kang nurut iline napas sengsem
O, Dasamuka kang memba resi lungit
Klakon nyebar sewu rupa sesongaran
Guyune ngakak nyemprotke idu wisa panas
Sak mogele  saya mrucutke tembung landhep
Kang mengku karep pitenah alus ing mbeler
Tembunge sarwa nglugut pijer nigas keadilan
Dasamuka wus nyipta mayuta-yufa siyung mingis
Kang linapis emas suwung, nglethak mangsa tengange
Nyerot getih dhemokrasi kang tumelung sirep
Pijer nandur kawibawan bureng
Dhemen ngrabuk sangkrah nyebar dredah
Wusana jumulur laku kang ngoyot kates
Ndhungkari kekendelan
Nungkak krama ngelun negara.
Yogya, mendhung surem, 2001
(Bernas 17 Februari 2002)


Crita Abang

Sairis crita iki jinaragan kaukir abang getih
Kang lairing lemah abang jingga maya-maya
Kanggo ngulur lelakon abang mbranang
Sing tansah kedulit laku abang-abang lambe
Nalikane dol tinuku lelamisan saya nggladrah
Secuwil crita abang geni iki ngemu sewu wewadi
Mawa alur kobong kang nyiprat ing kertas abang
Merga satumlik lajere crita wus kebacur nglayung
Kelangan lajer, nalika bayi abang munggel tangis
Kepelan tangan kebrongot panjangka gumeter
Kang mawut ngabangake kuping
Crita abang iki wus diborahi setan-setan prajineman
Kang kepengin nguntut mubale amarah sereng
Merga obahe memungsuhan angel diendheg
Nganggo beninge tembung kesaring wektu
Mula pisungsung crita abang malerah iki
Wungkusen nganggo ati putih Ian kadewasan
Kareben liding crita oran mandheg tengah dalan
(Yogja/sore sereng/2001)

(Bernas 17 Februari 2002)


Pager Pring Apus


Merga ora bisa kojah, pager kuwi sumarah
kanggo aling-aling ati cengklungen
kang kapang ngusap kukus dupa
adreng mawas rose pring
kang jinawil angin sepi
sepa ing panembah
neting jati
pager pring apus iku wus ngenam pepaes anyes
nyathet cubriya maling aguna karahinan
pijer ngetung uriping wengi ariyep
paher ikut sugih ukara landhep
bakal nghudhah karep
sing pijer kemipat
nurut lungane
jangkah
pager pring apus iku, yen bisa ngentha-entha
limantarpleliking cahya kang dietung
liwat sela-selane mangsa kapat
bakal kandha blaka suta
ana sing kelangan rega
ninggal suba sita
adol rereged
(Bernas, 21 April 2002)

Sembadra Ratu

O, Sembadra
larungen kabeh lelakon
kang ngreridhu rubeting tapih
kareben enggal bisa nerusake jangkah
kawulamu wus wareg embung nggladrah
wus nglepeh ukara ngayawara tanpa pakra
apa wayang rucah arep kok prentah
mawa landhepe esem ngujiwatmu
arep kok ayomi lekike pipimu
mawa lembuting swaramu
nganggo kuku wesimu
kang kok cithak
nganggo geni
ngelinga
yen ana payung
megar wayah candhikala
yen ana pusaka aji ilang luke
iku tandha kursi sejati wus malik
bakal kakelun meneh tekaning mangsa
adegmu ora jejeg adhepmu megos tapake
bakal tumpes (udhes tanpa tapis donya kari sairis
(Bernas, 21 April 2002)


Endhog Sapinggire Waton

Sajrone aku lelaku ing sawah pangurakan
Daktinggal endhog sapinggiring waton
Mung linambaran ikhlas tulus
Najan krungu tangis kekes
ngesok eluh garing
ing ara-ara
endhog semu ijo maya-maya kuwi
wus dadi wijiling amara tapa
kang nuju lelaku kasepen
ing grumbul kopong
sumedya ngupaya
upa sapulukan
kang samun
suwung
0
(Bernas, 21 April 2002)



Lawang Pasiksan

Saben mlebu lawang abang
dhadha tambah seseg ndubang
kaya ana dhadhung nlikung jantra
kang menggak keteg cuwilan tembung
kak dak deleng mung pengangen nglamat
kang kebacut pingget ing walike pepalang
mangka lawang iku dalaning panjangka
kang kudu diwiyak mbaka seklimah
eman ujaring ukara mrucut seret
turasring katutan idu umeb
kang banget nggaret
ing lawang iku ana kedhep tesmak
maca titah sing kepulet obahe pangigit
merga nguncit pecahe kawibawan Ian keadilan
kang sumampir pundhak kari sak siliring bawang
kang tumangsang ing pojoke anyang-anyang jingga
mula yen legawa bukaken kuncine kasatriyan
kareben sumeblak endahe sesawangan
nuju tlagane lawang sela matangkep
kanggo neter keteging jantung

Megatruh Ing Tengah Wengi

Manuk-manuk kang sisih wetan
padha pating bleber
ing pucuk-pucuking wit ringin
alun-alun kidul
sinambi nawakke katresnan
marang wong-wong kang padha mampir
tuku jagung bakar karo wedang rondhe
Sawernane sato mung bisa trenyuh
ewit saben wengi kamanungsan dietung
nganggo dhuwit kang ora aji
Ian para wanita mung bisa misuh
nggetuni anake wadon
kang seneng nesep kawanitane
kanggo mburu senenge dhewe
ing wanci bengi
kaya pasar kang tanpa dagangan
nanging akeh wong kang padha dol tinuku
lan wong-wong padha meneng tanpa elik-elik
wis kelangan mantra sasmita
(Bernas, 21 April 2002)


Maca Sasmita

Aku pancen isih kewuhan maca sasmita
kang gumelar samar ing laladan sepi iki
lamun wong-wong bisa mencik tlundhagan
bisa gondhelan andha rante emas
munggah ing papan-papan sinengker
geneya sikil iki angel dakseret
sajake ana wewadi sing durung bisa dakonceki
ana sanepa lungit kang isih mentah
kang angel dieja dening pengangen
apa iki gumelare pesthi kang sinandi
apa iki playune wiradat kang kadohan kodrat
mbokmenawa bakal luwih njarem
yen sedya luhur iki dakgegem kenceng
njur ana kruma kang thukul ing balung
kang pijer ngelingake mangsa lawas
sing kudune dakpendhem lelawaran
Yogya/berem/2003
(Panjebar Semangat, no 41, 11 Oktober 2003)


Janji Setan

Kanthi ngguyu lakak-lakak
setan kang manggon ing omah tingkat
nlusup ing walike. otot kenceng
tambah jor-joran prajanji
aku prajanji, bakal nyeret wong kang kakeyan lambe
kang kedawan pangangen letheg
sing dhemen nguthak-uthik angka
bakal daksendhal, kanggo lemek daden geni
bakal dadi kanca nurut getih enom
nepasi nraka tanpa japa mantra
aku prajanji, bakal nampa
kang mbuwang wektu kanggo sesukan
nurut ombake karep leteng
bakal dakwengakake lawange kanikmatan
kareben luwih sungkem marang kayu watu
kanggo mburu dalan lunyu
kang anjog tekan lemah suci
Yogya/jiguh/2003 .

(Panjebar Semangat, no 41, 11 Oktober 2003)


ERI MAWAR WISA KALAJENGKING


Jroning jaman peplayon lan dhedhelikan iki
dakrasa sikilku saya nyampar eri mawar
kang ngrangah sadalan-dalan rame
kang disebar kareben ngelak getih
mulane ing tlatah iki wus ora ana kasantosan
urip mung kari nunggu impen daradasih
ngenteni pulungsih kang sisip
urip iki jebul wis diweleg wisaning kalajengking
kang antube ngungkuli klabang lan babak salu
Landhepe ngluwihi eri kemarung seka alas suwung
kang ucul seka lambe, netes dadi eri
kang mrucrat seka tangan, saya ngalajengking
tatu eri lan antub saya nyubles jantung
wusana aja gumun yen sikil iki angel nyekekal
merga donyaning kewan sing sugih memala
wis siyaga males ukum
Yogya/apes/2003
(Jaya Baya, nomer 07, Minggu III, 2003)


SUWARA PLETIKING GENI

Yen papan iki kebrukan suwara jumedher
menyang ngendi katep iki kudu daklarak
kanggo ngungsekake pamrih
kang suwe ngelak pangusap
kareben bisa maca ayang-ayangmu
kang kebacut mlayu seka tangan
lamun nganti njedhul pletiking geni
bakal ndilat sawernaning perbawa
nyabda ayuning rupa malik rega
ngrantas kalining pengangen lan pamujan
thethukulan alus lebur tanpa dadi
kebul nggembuleng kuwi serik
ngemu panggusah
lan nyilakake tatu reged
ing kene kari crita nggladrah
kang dicathet anak putu
kari pangelus dhadha
Yogya/lam-lamen/2003

(Jaya Baya, nomer 07, Minggu III, 2003)

Kertas Langu


Yen pancen tembung ing kertas iku ngganda langu
enggal remeten timbang ngecret-ecret culika
njur buwangen ing tengah nraka jahanam
kareben ora dadi lembaran ireng lelamisan
dluwang sesuwek sing kok sengkek njeklek iku
sejatine pancen ngrajang ati Ian miyak kanyatan
mulane yen tetep kok tolak tanpa sesalaman
padha wae ngilani usus
kang ngemu wewadi
blaka wae kareben ana ilining getih satriya
sadurunge ana senggakan laku kang nungsang karep
timbang kertas iku kok orek-orek nganggo panyenges
lowung bukaken dhadha iki
kareben cetha sasmitane
ing ngendi wutahe kapribaden Ian playune lisan
yen emoh, aku ora bakal ngerti abang birune langit
lan bumi sanggar sing mung marahi mangar-mangar
Yogya/ awan jengkel 2002

DINA TALIWANGKE


Mbokmenawa kumelape dina taliwangke
kelangkip amarga dadakan apoes
sepi ngambung lingiring kajaten
sing nuwuhake tatu berem salawasing urip amem
mbokmenawa kadereng saka mripat sing kelayu nikmat
satemah malaikat njentusake ing ukelan klamat werit
dina taliwangke iki uga saya nipisake dhadha seseg
amarga ana bacah bajang
kesamber cengkir gadhing
ana mripat ketiban wohgayam kang nratab
nganti ana kuli sesawangan kedilat wesi panas
apa merga dina naas iki kurang sesembahan
kurang sedheku marikelu
kang kelunta-lunta nganti ajer ngelus pitakon dawa
tanpa dunung tekan ddelege dina nyekel susuhe angin


GURIT GANGSIR
: Tumrap anakku Lintang Alit


Puluh-puluh wis begjamu, anakku bengi iki katone wis ora bisi dirungu ngenthire gangsir nguwatake tembang bedhame.
saben wektu tansah dadi bundhelan pangimpen ;
ing peteng lan irenge  kebonan saiki ora luwih mung bisa ditemokake
swara kemrsike walang kayu bontit sesenggakan utawa kucing-kucing kuwuk tansah playon oyak-oyakan
ngumbar sawujud nepsu murahan
ngenthire gangsir wis angel,dirungu, anakku kalah karo gemontange swara radio lan televisi saben wektu
njereng warta kadurjanan akibal  ilange rasa kamanungsan
puluh-puluh  wis begjamu, anakku ngenthire gangsir saiki wis angel dirungu bengi iki luwih becik enggal
mapan turu wae. sapa ngerti impiimpi endah melathi
teka lan-ngrenggani
lan sesuk bisa tangi kanthi kateguhan jiwa njalari wong tuwamu blsa mesem lega

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar