RSS

GURIT BASA JAWA



BASAKU
Dening : S. Hadit



Basaku, sira dadi kancacanku
Kancane leluhurku, kancane bangsaku

Aku susah, sira panglipurku
Aku bungah, sira gumuyu
Aku tur, sira kang ngunggu
Aku ngimpi, sira kang ngancani

Basaku, basaku, basa Jawa
Sira kalara-lara, siningkang-singkang
Lelabuhanmu sirna ilang
Aja sumelang, aja sumelang
Aku kng tumandang
Aku setya, tetep dadi pawong mitra

Ayo kanca, ayo kanca
Acancut tali wanda
Ngleluri, memetri kanca sutresna
Basa Jawa
Basamu, basamu, basane bangsamu
Basane leluhurmu
Basaku


BASA JAWA
Dening : Drs. Suwito
Sliramu prasaja alus wibawa
Ing pasrawungan
Sliramu bisa milah temah ora salah
Rumaket ing sapadha-padha
Ngajeni marang wong tuwa
Unggah-ungguh basa dadi sarana
Rumaket ora ninggal tata krama
Lelewaning basamu
Ora wagu
Kepara kepenak dirungu
Endah milangoni
Dadi ati iki kapiluyu
Sliramu tansah dipersudi
Para sujana njaban rangkah
Padha kasulayah kepengin mokah ngemonah
Alusing budi pakartimu
Kang siningit rumit ing unggah-ungguhmu
Luhuring budi pekerti
Kang sumlempit ing sastramu kang edi
Pancen banget ngelam-lami
Aku percaya basa Jawa bisa mbangun karakter bangsa
Uga pitaya basa Jawa kuwawa mbangun jati dhiri
Mung emane para mudha padha ngencepi
(Djaka Lodang No.28, 8 Desember 2012)

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar