Dening : R. Bambang
Nursinggih
Ora entheng anglampahi hardaning sasi pasa
Lamun linambaran
iman kang mapan
Kajurung uga niyat
kang eklas
Memundhi dhawuhe
Pangeran minangka umat Islam
Kadereng tekad godha sekalir sumingkir
Sumingkir pasa
buntas sesasi natas
Sakabahing laku
jantraning paneges
Lawan rama-ibu,
kadang sepuh taruna
Jiwa suci king
dosa ing dina riaya
Bali suci kaya
bayi kang katemben lair
Kanthi ngregem
nugrahaning Gusti
Ngajab dina-dina kang
bakal dipecaki
Kaijabahi bisaa
mberkahi
Nganti tumekaning
lena
NYADHONG SIHING GUSTI
Dening : Maharani W
Binarung tumiyuping angin
Kang midid wanci
ratri
Kala purnaning
wulan siyam
Sakehing titah
manjing dalem Gusti
Ngebaki masjid lan
mushola
Geter ing pangucap
tembus ing balung sungsum
Ngagungake asma
kang Maha suci
Nyadhong sih lan
nugrahaning Kang Maha Agung
Amung Pangeran
kang sugih pangaksama
Ngluberake
aksamane marang kabeh umate
Kang ginubel ing
lebu ireng
Kekemul pedhut
kang peteng
Sewengi natas
ngumandhangake takbir
Tahlil lan tahmid
sambung sinambung
Ngumandhang ing
akasa
Bebarengan mega
putih ndhodhog korining suwarga
OBOR WENGI
Dening : K. Ningrum
Oncor wengi iki madhangi desa
Arak-arakan
bocah-bocah rame baris
Sinambi
ngumandhangake takbir
Takbiratul ikram
dadi oboring ati
Mapag dina
kabegjan lan kamulyan
Sawise sesasi
nglakoni pasa
Mahanani resik
lair lawan batine
Mapag tekane
riyaya dina sesuk
Dene wong-wong
dhiwasa aja ngungasake dhiri
Aja kesusu ngaku
dadi dutaning Gusti
Yen lali dalan
panembahe marang Allah
Ora weruh adat
wewarahe moyang kang luhur
Ora weruh
sejatining nur, pralambange janur
Diisi beras putih,
dadi wosing ati kang suci
Kupat dimaknani
ngaku lepat
Sing dhuwur dhewe
panguwasane mung Allah
Dina iki drajate
padha
Kabeh wong padha
anglebur dosa
Sungkem marang
bapa biyung sedulur lan kadang mitra
Mugi
lebar-lebur-luber-labur ing riyaya iki
FITROH
Dening : Mama
Dhita
Pengin dakbukak
lembaran urip anyar
Dakkubur salah lan
dosa kepungkur
Kabeh bali
kayadene bayi abang kang isih resik
Putih tanpa luput
Ing riyaya kang
kebak suka rena
Padha ngapura
ingapura marang ibu,
Bapak, kangmas,
mbakyu, adhi lan kadang,
Para mitra tuwa
enom ora ana kang kalimput
Saiki wis bali
fitroh
Jaganen ati kang
suci
Aja digawe reged
lan jember
Jejegna iman
taqwamu
Ing dina Idul
Fitri iki
Ayo ngresiki ati
Supaya bali suci
Antuk rahmating
Gusti.
ONCOR-ONCOR TAKBIR
Dening : R.
Widiyati
Isih katon barisan
bocah-bocah nggawa obor
Ing pojok desa
kang sarwa tintrim
Suwara kumandhange
takbir
Lamat-lamat tumuli
sora binarung tumiyuping angin wengi
Ngagungake asmane
Gusti Kang Maha Kuwasa
Gedhene
panguwasane pangeran kang tanpa pepindhan
Nandhakake
manungsa kang tanpa daya
Ana sing isih dadi
pikiran
Apa Ku-pat lan
lonthong opor, wis bisa dadi sulihe sing padha ngaku lepat?
Ujaring kandha,
kupat mono dadi lambang filosofine bangsa
Banjur kepriye
kupat mungguhing para koruptor kae?
Apa mung dadi
pepaes ing meja dhahar?
Memanising lisan
pepantese wong salaman
Sajake, tembung
pangapura saiki mung dadi sandiwara donya
Ayo sedulur, padha
luru obor kang sejati
Nadyan adoh ing
pucuking cakrawala
Nganglang bawana
ngiteri samodra.
MAHARGYA IDUL FITRI
Dening : Tatiek
Poerwa
Sawise sesasi
nindakake pasa wajib
Ngedohi
larangan-Ne
Nyaket mring Gusti
Dina kemenangan
teka saiki
Umat Islam
mahargya Idul Fitri
Ngraketke tali
silaturahmi
Uga nyuwun
diapurani
Marang bapa biyung
kang dikurmati
Mbakyu adhi kang
ditresnani
Para sedulur kang
dikasihi
Kabeh bali ana ing
ati kang suci
Nglenggana ing
dina fitri iki
Muga Gusti paring
pangaksami
Sedaya lepat titah
puniki ….
BAITA ING TAPEL WATES
Dening : Maharani
Sawise ombak gedhe
nyempyok dharatan
Akeh kang katut
kabuncang ing alun
Prau cilik-cilik
kerem tanpa sisa
Baitane sang raja
sigar semangka
Nanging ana baita liyane
sing mlaku kanthi langsam
Alon sajak ora ana
wedi kurdhaning gelombang tsunami
Sing bisa ngusung
warta becik
Mung wong sing
atine resik
Sangalikur utawa
telung puluh dina
Nindakake pasa
pindhane enthung
Nuli dina-dina
candhake wis malih kupu
Pamer wulu mabur
ngiteri jagad
Manungsa padha
gentur anggone tapa, golek sembulih
Mbukak korining
swarga kanthi dalan anebus dosa
Ngakehake ngamal,
dedana marang sapepadhahe titah
Kanggo sangu mring
alam kalanggengan
Coba sawangen kae!
Baitane sapa kang
wis tekan tapel wates?
Bok manawa
nahkodhane wis ngliwati samodra kang fitroh
Wis ilang mangsi
irenge dosa
Sawise mecaki dina
riyaya padha nglebur dosa
Njaluk pangapura.
SUNGKEM
Dening : Tatiek Poerwa Kalingga
Trenyuhing ati
thukul sanalika
Bareng rampung sholat
Idul Fitri
Wektu sungkem ibu
lan bapa
Tetesing waspa ora
bisa dialangi
Ana sukune ibu aku
nglenggana
Kabeh luput lan
dosa iki
Muga kersa paring
pangapura
Paring donga
supaya bisa urip mukti
Ibu … Bapa….
Tinampia atur
sungkem puniki
Kang tulus saka jroning
kalbu
Saka bayi tekan
iki wanci
Ora bakal bisa
nimbangi
Sih katresnan,
pangorbanan
Kanggo
putra-putramu ….
KUMANDHANGE TAKBIR
Dening : Maharani
Sawengi keprungu
kumandhange takbir
Terus sesautan
datan kendhat
Njalari titah iki
rumangsa cilik tanpa teges
Pupusing
gegodhongan megar lon-lonan
Wanci ratri
Mekare alus nurut
midite angine
Mapag tekane esuk
dina riyaya
Idul Fitri ari
kang suci
Lisan kang
kajurung ing batin
Nyuwun pangaksama
mring Gusti
Datan keri
bapa-biyung
Sungkem mring
pepadane
Njawat asta marang
sesamine
Dina kang fitrah
tansah den antu
Mbuseg sakehing
dosa
Lupute mangungsa
Kadya ampak-ampak
mega ireng
Kasaput bun kang
tiba wayah esuk.
SASI KRAMAT KEBAK RAHMAT
Dening : R. Bambang Nur Singgih
Ramadan sasi
kramat, kebak rahmat
Tansah kaantu-antu
umat sajagat
Kang tuhu setya
ngrasuk agama Islam
Ing wulan Ramadan
umat kang kenceng bundhelaning iman
Nindakake siyam
salah sawijine rukun Islam kanthi ekhlas
Saperlu ngajap
tumurune kanugrahan lan kabegjan kang bobot trajune ngluwihi nglakoni kabecikan
sajroning sewu wulan
Siyam kacihna ora
amung ngampah dhahar
Lawan sahwat ing
wanci siyang
Nanging uga tansah
meper tumindak nyimpang
Saking tatananing
sarak tumuju lawang tobat
Sok sapaa kasil
nyegah sakabehing maksiyat
Kinanthen caos
dana driyah kang murwat
Berkah bakal
kaalap minangka kekucah
Kanthi uwaling
godha rencanane setan bekasakan
Ing dina riyaya
Sawal umat kang iman antuk kamenangan
Dosa amblas tanpa
tilas, jiwa bali suci murni pindha bajang
Kang katemben lair
saka guwa garbane biyung.
DINA BAKDA
Dening : Suhindriya
Dina bakda taun
iki
Dina dak etung
mawa sanggan ati
Srengenge
gumlewang durung katon kuncarane
Kesasab mendhung,
kapan kepiyake?
Akh…sumitra
Kapan kanyatan
dadi bukti
Milang tatu tanpa
leren
Bali dieting tetep
gothang?
Metu dudu mung
sesinglon karep
Sumimpen dhadha
tanpa menjila
Ing sadhengah
jangkah, sadhengah tutur
Urip ora bisa
disulih mawa basa
Sinambrama tembang
manis
Ing telenge batin
buthek
Dina bakda sinamun
crita
Baline prastawa
ngudang kangen
Gendhongan abot
krasa ing geger
Bali entheng
lumarabe jangkah.
0 komentar:
Posting Komentar