RSS

GURIT GUNUNGKIDUL




GUNUNGKIDUL MANGSA RENDHENG
Dening : Suwarsidi




Kadang tani rumangsa seneng
Udan deres,  esuk, awan, bengi mblandreng
Sawah tegal ijo royo-royo
Alas sawah sinawang sumringah
Jagung, kacang, bayem tuwuh weh rasa ayem

Kadang tani sengkut bikut
Tandang gawe nganggo pacul lan gathul
Bonggol tela tinancep ndhuwur sela
Jagung, kacang sinebar ing lemah rengka
Ganti sasi sinebda dadya

Pangan pange tangan
Woh ora mung thukul ing lemah loh
Najan sela, lemah rengka linambaran donga
Kaolah kanthi otot lan jiwa
Kun fayakun
Dadi lantaran Gusti paring nugraha.
(Djoko Lodhang, No.04  Tahun 2006)

Gunungkidul
Dening : Eswe Sidi


Gunungkidul
Ijo royo-royo najan mendhak-mendhukul
Lemah rengka dudu apa-apa
Sebab warga darbe jiwa satriatama
Wadhas curi lan sela dadya kencana
Kagrayang asta para mudha
Gunungkidul Handayani
Kenyaning sulistyeng warni
Ngawe-awe nglam-lami ati
Patuk, Playen, Gading, Wonosari
Pra Kenya rengeng-rengeng lagu campursari
Rerepen resep den uri-uri

Gunungkidul
Gisiking Baron endah tinonton
Gisiking Krakal endah tiningal
Ayo sedulur, Gunungkidul aja tininggal
Rinegem kanthi ati atekad waja
Dimen kabeh manggih mulya.
(Djaka Lodang, No.42 Tahun 2008)



GUNUNG KIDUL
Dening : Akhir Luso No, S.Sn.

Ing gunung sewu
Mata keduten
Ati kumlesar
Ing wektu ratri
Jam rolas ing tengah bengi
Gusti nguncalake banyu mili
Deres anelesi bumi
Apa tangis ku iki isa anambani
Minangka jebeng sing wis lali
Mring papan wutah getihing jati
Suwe lakuning sedya ngliwati dalam rumpil
Mula apa telat yen ing wayah iki
Lagi kelingan papan
Kang dadi seksi
Nalikaning cenger jabang bayi
Nyuntak swara ngebaki bumi
            (Arak-Arakan Geguritan: Srengenge Emas)



GUNUNGKIDUL
Dening : Marciana Sarwi

         Rodha pit montor ngglindhing mecaki dalan
Tan kendhat anggonku ngetung enggokan Patuk
Daksuntak rasa kangenku mring tlatah Gunungkidul
Ing papan kebak watu iki
Wis sesep legining madu katresnan
Dalan sing tansah menggak-menggok
Munggah-mudhun
Kinepung jurang jero
Ngosikake siku
Murih prayitna ngadhepi
Owah-owahing jaman
Kae sawangen
Pucuking pring ori tansah ngawe-awe
Ajak-ajak tumungkul semedi
Metani kahanan kang wis mungkur
Endi sing pener, endi sing keblinger
Kae sawangen surya enjing wis umanjing
Mbabar kahanan kang padhang
Age-age tinggalen kahanan peteng
Mlakua ing dalan padhang


Gunung Kidul
Dening : Trim Sutija


Perihing jeritmu iya jeriting atiku
Anakmu lanang sing nglembara luru tresna
Sing lair saka ngeraking garbamu
Lungaku nggawa asating tlagamu
Wis dak wilang pira cacahe
Saka pesisir pacitan urut mangulon
Punung-Pracimantara-Barun-Petir-Kemadang
Nganti pesisir Imogiri
Tlagamu sing asat ing saben mangsa
Iya sating jiwaku kang nglembara luru tamba
Bakal dak luru nganti ketemu
Ingendi sumbering banyu langgeng
Dimen tlagamu agung ing salawase
Bakal dak-luru nganti ketemu
Ing sadawane umurku
(Gotong Royong no. 15, II, November 1964)
 

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar