GEGURITAN
KANGGO R.A. KARTINI
Dening
:Mohammad Yamin M.S.
Mungguh
kembang iku isih wangi lan seger
Bakal
dakpethik lan dakencup arume
Kembang
wus megar sanyatane dudu mung paes
Arum,
arum sarine sumebar angambar
Katiyub
angin gunung, angin desa lan kutha gedhe
Kembangmu
putih uga abang maya, isih katon isih ganda
Jroning
nalar jroning nala
Kapan
maneh ana mekaring sekar-sekar kaya pasuryanmu
Endah
ngresepi
Nyebar
wangen ing tlatah iki
R.A.
KARTINI
Dening
: T.S. Anggraini
Samengko
raga wis lebur wor lan lemah
Mung
wewayangan ngrengga lembaran sejarah
Bapas
lawas
Lan
ganda arum angambar-ambar
Kubur
lan wewayangan
Kaca
benggala ngegla ing panon
Gendhing
panggugah
Suluhe
jiwa wanita
Mekare
puspa anjrah sumebar
Yen
noleh wuri ....
Jasa-jasane
kartini kusumaning negari
KARTINI
Dening
: Ari Pratiwi
Kartini
....
Sliramu
pelopor bumi pertiwi
Pejuang
kaum putri
Kartini
....
Jasamu
ngarum tanpa mati
Asmamu
kaucap nganti tekan saiki
Sliramu
kadya cahya geni
Madhangi
petenge dina wengi
Kartini
....
Sliramu
kadya oboring ati
Endah,
tulusmu kanggo bumi pertiwi
(DjakaLodang
No.47, 24 April 2010)
JUMEDHULE
KARTINI-KARTINI ANYAR
Dening
: Soegiyono MS
Kacarita
jumedhule Kartini-Kartini anyar
Penampilane
gumebyar
Gandane
arum angambar
Pasuryane
sumringah sumunar
Rasa
jiguh pakewuh lan wirah wus ngabar
Unggah-ungguh
suba sita tata trapsila kawanitane wus tinilar
Kesah
ijen ing wanci dalu wus boya samar
Dhadha,
pupu digelar
Hawa
napsune diumbar
Notole
rasa asmara mulad makantar
Durung-durung
wetenge wus melar
Durung
krama wus mbabar
Jabang
bayi lair, pinrawasa tiwas
Kunarpane
si jabang memelas
Bayi
dibuwang diwadhahi tas
Kanggo
mbuwang tilas
Nanging
pokale konangan petugas
Biyunge
si jabang dirangket, dilebokake lapas
o.....
alah toblas, toblas
Anak
kadhal kawu ampas ....!!
WELINGE KARTINI
Dening : Imah Prakosa
Ana wulan April iki
Sliramu wungu nggugah wong turu
Kang padha lali
Marang padhanging surya
Angeting bagaskara
He ... para puteri
Apa kowe lali welinge Kartini
Ngudi ngelmi saindhenging negri
Kanggo madhangi bumi pertiwi
Lintingen klambimu
Kencengna gelungmu
Ayo .... brastha memala
Kang cumondhok ana raga
Kang nlikung jiwa
Tangi ....
Jenggirat
Cancut taliwanda
Makarya kanggo nusa lan bangsa
(Djaka Lodang No.46, 16 April 2009)
RADEN AJENG KARTINI
Dening : S.Hadit)
Paduka lelumban ing madyaning bangsa kawula
Amemayu-ayu utamaning wanita
Nedya anggayuh luhuring putri mardika
Paduka yekti kusumaning putri utami
Eman, gegaran tuntunan paduka nenangi panalangsa
De paduka tega enggal anilar kawula
Yekti palupi paduka akarya aji majenging putri
Gumregah ing manah, gumareget ing cipta
Mempeng ing sedya badhe tut wuri paduka
Selendhang sutra paduka kumlewer ing angga
Angemban dhawuh ingkang dhumawah ing para wanita
Kawula lila legawa, lelumban angabdi bebrayan
Anggelar sumebaring idham-idhaman ingkang tinilar
Rukun rerentengan datan bebencengan ing sedya
Tilaran tetuladhan tepa palupi paduka
Kawula impi-impi ing siyang ratri
Kawula tinumusan ing karsa paduka
Tilaran palupi pangabdi ibu pertiwi
Wasiyat sudarsana pangawula nusa bangsa
Mangka sarana amardi luhuring nusantara
RADEN AJENG KARTINI
Dening : S.Hadit)
Paduka lelumban ing madyaning bangsa kawula
Amemayu-ayu utamaning wanita
Nedya anggayuh luhuring putri mardika
Paduka yekti kusumaning putri utami
Eman, gegaran tuntunan paduka nenangi panalangsa
De paduka tega enggal anilar kawula
Yekti palupi paduka akarya aji majenging putri
Gumregah ing manah, gumareget ing cipta
Mempeng ing sedya badhe tut wuri paduka
Selendhang sutra paduka kumlewer ing angga
Angemban dhawuh ingkang dhumawah ing para wanita
Kawula lila legawa, lelumban angabdi bebrayan
Anggelar sumebaring idham-idhaman ingkang tinilar
Rukun rerentengan datan bebencengan ing sedya
Tilaran tetuladhan tepa palupi paduka
Kawula impi-impi ing siyang ratri
Kawula tinumusan ing karsa paduka
Tilaran palupi pangabdi ibu pertiwi
Wasiyat sudarsana pangawula nusa bangsa
Mangka sarana amardi luhuring nusantara
0 komentar:
Posting Komentar