NOSTALGIA
SAWIJINING VETERAN PERANG ING DINA KAMARDIKAN
Jumedhore
mimis wis suwe ora keprungu
Sumiyute
mesiu wis suwe ora nyamber rambut
Garis-garis
revolusi wis suwe lempoh kesaput lebu jaman
Mung
kari saplinthi getih kenthel
Sing
angganda amis tekan poncoting lurung
Sedulur-sedulur
mati enom sadurunge kasil kawin
Karo
kekasih singtansah mompa semangat nganggo birahi
Utawa
sing rila masrahake pati urip marang panase perang
Lan
eklas manggul paite glodhogan sanggan sejarah
Raga
karojah-rajeh sangkur musuh
Gusti,
apa isih bisa aku ngaku iki dina
Mangsa
ganti mangsa
Taun
gumanti taun, urip iki sangsaya ora pengaji
Kamangka
kabeh wis dakpasrahake kanggo rabuke revolusi
Marang
perang lan getih
Marang
tatu-tatu sing ora bakal pulih
Kabeh
amarga wengise perang
Salembar
urip tansah diece kamurkan kan kesumat
Maju
palagan sangune tembang
Ing
tengah dalan cinegat pedhang
Getih
muncrat
Kamurkan
mancur
Kesumat
mancur
Nanging
apa bisa, Gusti
Aku
ngaku iki dina
Nalika
gendera kumibar mawurahan ing akasa?
Bedhil
wis karaten
Jiwa
mung sesisih sing bisa ngucap donga
Donga
paprangan, donga tumancepe pathok perjuangan
O,
wis mamring donga sing kaucap salandhep mata glathi
Apamaneh
mars-mars pangurbanan
Kabeh
mung swara gumuruh, tembang mabuk, jerit birahi
Lan
sesorah sing kaucap dening wong atopeng kyai
Keris
lan bambu runcing mung landhep ing lathi
Idu
angganda bacin
Ngregedi
amanah, ngregedi sejarah
Kekendelan
kari wujud suket sampar lemah
Getih
revolusi, getih birahi anak pertiwi
Ora
perlu para veteran ngucap nrasani
Kemakmuran
sing wajib disyukuri
Sing
wajib tumrap para lanang
Suthik
mundur tinimbang wirang
Iki
jaman bocah ngece garitan sejarah
Wuta
donga lan cumithake tembung amanah
Ora
prelu ngronce kekudangan, ora prelu
Njaluk
bali tebusane perjuwangan
Uga
para penggurit
Aja
ngimpi dadi pahlawan tumrap manungsa
Atas
kasusilan sing wis suwe dadi kunarpa
Bocah-bocah
sisane perang
Sing
lair antarane sumiyute mesiu lan kumilate pedhang
Suket
ijo lan kembang mlathi
Tanduran
ing pasareyan kusuma nagri
Sawurna
ing nisan jagad-jagad revolusi
Aja
ngenteni pengetan dina kamardikan
Aja
ngenteni tekane dina pahlawan
Awit
biyen ora nate mimis mandheg jumedhor
Gulu
tansah pinancung
Getih
tansah mancur
Nyawa
tansah mabur
Sawurna,
sawurna
Ora
ketang mung sagegem turahan donga
Aku
paraga veteran perang
Lila
legawa dadi cagak gendera agung
Tansah
siyaga kanthi bedhil siyap micara
Bela
negara nganti tuntas tetes ludira
(Ambal kebumen 1993, Jawa Anyar : 9 Agustus
1993)
LAYANG SAKA PALAGAN
Dening : Moch Nursyahid P
Aku ora kirim mimis lan granat nanas
Bedhilku isih sumendhe lan granatku isih durung dak
bledhosake
Kangenku aja kok tampani nganggo eluh
Mundhak mrentul dadi wisa sing nggrogoti ati waja
Aku ora kirim mimis lan granat nanas
Sebab tapihmu isih kukuh durung kambon ati slingkuh
Kaprecayanku aja oleh dituku nganggo roti lan keju
Mundhak njugrugake betengmu dadi bedhah
Aku ora kirim mimis lan granat nanas
Sebab awakkudurung sayah lan tanganku durung semplah
Nalika asep bedhil kumlebet bareng angin liwat
Ana prajurit gugur tanpa sambat
(bojoku lan anak-anakku, pira suwene urip iki?)
0 komentar:
Posting Komentar