MANGAN AWAN
Asune The Sie Ing kae
Susu saliter ngombene
Daging rong ons lawuhe
Sega sapiring dicampur
vitamin-vitamin warna telu minangka sarapane
Kala-kala yen njegoge kurang banter
Nyerege ora mak wer-wer
Nyatheke rada ngleler
Digawa numpak mobil dipriksakake
dokter
Disuntik antilelarane ing gulune
Sing duwe nukokake obat-obat sarta
kabutuhane
Kuwi asu
Lha aku
Aku iki piranti cilik saka
peranganing pabrik
Manganku awan sega wungkusan
Tau kesereten kelelegen kelingan
anak njaluk dolanan
Tujune digawani ngombe dening
emboke
Botole diseselake ing rangsel kumel
Kuwi bae bola-bali kancaku nakokake
“kowe nggawa ngombe
Ngombemu isih
Aku njaluk sithik ya”
Ing wayah sore
Tenaga pikiran lan krenteg
Kabuntel dening rasa kesel
Kaya-kaya ora kober aweh kawigaten
Marang anak bojo kulawarga
Srawung karo tangga kaya kepeksa
Yen ana ngelu mulese
Digolekake bangsane temu saanane
Dene siji kuwi ora tau lali:
dikeroki
Manganku awan sega wungkusan
Wungkusan kanugrahan:
Pangandel pangarep-arep lan kawelasan
OH GOD, NEXT TIME BETTER
(25 Juli 2002)
KORUPSI
Jaman
saiki kabeh wong wis padha mangerti
Apa teges
lan maknane tembung korupsi
Ya kuwi
nylingkuh .... ngunthet .... nyolong dhuwit negari
Dadi nek
ora duwe wewenang ya ora bisa nglakoni
Digerba
mesthi pendhuwur lan panguwasa sing dha miwit
Pidak
jempol krasa enak krasa legi dadi numani
Tugas
lirwa ning rina wengi mung kuwi sing dipikiri
Delengen
wetengmu nganti mblendhuk miyi-miyi
Nek jare
mikirke rakyat sing mlarat kesrakat
Sing urip
kulina cingkrang ning ra tau sambat
Bon-bonane
cendhek cengel, utange sa arat-arat
Weteng
kothong diganjel singkong ben bisa gumlawat
Saiki
mangan, sesuk embuh sing diemplok kanggo pikuwat
He para
pemimpin kowe kuwi uripmu beja
Samubarang
kari dhawuh ra tau rekasa
Sing kok
prentah anane mung inggih lan sendika
Gajimu wis
gedhe genea isih srakah lan ngangsa
Dhuwit
pajeg saka rakyat kuwi ya bali nggo kawula
Aja padha
kok korup kanggo seneng lan nguja hawa
Apa ora
isin yen konangan jenengmu dadi kajuwara?
Neng TV
rupamu disawangwong sanegara
Komentare
kawula “Galo sing mbadhog dhuwit negara”
(Djaka
Lodang No. 34/Th.XLII, 19 Januari 2013)
GUNEME SI
DHADHAP LAN WARU
Titen-titenan Kang Waru
Niteni bab
apa Dhi Dhadhap
Bab janjine para politisi
kang nyidham lenggah kursi
Kepengin
lenggah kursi we kok ndadak nganggo janji ta Dhi
Sejatine sing diangkah
dudu kursine, nanging tunujangane
Hus, aja
waton muwus Dhi, mundhak kebentus
Apa pancen
wis kinodrat pendhak arep ganti pepimpin
Janji-janji
pait madu ndlidir nyangking iming-iming mathis
Githok
mrinding, ati miris, kasembir mingis-mingis kedaling lathi
Rina wengi
girap-girap pindha ancik-ancik pucuking eri
Ati wis
kebacut jinja manising janji
Senajan
dilelithik mas picis
Tekad
milih ora bakal kakikis
Milih
kanthi tajeming batin
(Djaka
Lodang No. 01/Th. XXXIX, 6 Juni 2009)
0 komentar:
Posting Komentar