Wengi Ing
Pinggir Bengawan
Dening : Moch. Nursyahid P
-Dhuh kowe
sapa wanodya
netramu
sumorot bening ngluluhake atiku
(banyu
bengawan kang semu abang malerah
terus mili
nggawa rereged lan sangkrah)
+aku kunthi
ibumu, dhuh ngger anakku
kang
nglairake kowe tohing nyawaku
(rembulan
njedhul seka waliking mendhung
bali
lelayaran ing langit tumlalwung)
-kowe apa kunthi ibune Arjuna mungsuhku
geneya ing
wengi sepi iki keraya-raya teka mrepegi aku
kanthi tanpa
cecala nganti gawe kagetku
(angin wengi
sumiyut nampegi rai
nggawa
ngambar aruming kembang melathi)
-bener
kandhamu ngger anakku
aku pancen uga
ibune Arjuna
apa atimu
isih rumangsa tidha-tidha
(Kunthi
atine geter karo tumenga
banjur
dipandeng suwe putrane kang wis jejer adipati Ngawangga
-apa ngimpi
ta aku iki
nampa
nugraha kang tanpa pepindhan
ketemu ibuku
kang wis murca tetaunan
sing bakal
ngentas wong sudra padha papa dadi mulya tanpa wewangenan
+awit seka
keparenge dewa, aku lan kowe ketemu meneh, anakku
kanggo
nyuntak rasa kangen lan kapang
sawise
tetanunan mung kandheg ana rasa lan lelamunan
(wengi terus
nggremet tumuju pusere
anak lan
biyung padha ngumbar pangrasane dhewe-dhewe)
-dhuh,
ibuku, kekasihku, ya pepundhenku
selehen
astamu kang adhem pindha salju ana bathukku
kareben aku
bisa nglalekake critane bayi abang
sing
ditinggal biyunge ing pinggir bengawan
-butheke
kanggo nutupi isin lan wirang
tanpa
ngelingi menawa katresnan kuwi regane larang
+oh, aja
ndedawa lara anakku
ayo enggal
ndherekake ibu
bali kumpul
karo kadang-kadang pendhawa
ninggalake
korawa angkaramurka
kanggo memayu
hayuning bawana
(Karno
mandheg mangu karo sedhakep
ora
keconggah ngampet katrenyuhan kang saya ngruket)
-kasinggihan,
aku bakal mundhi dhawuhmu ibu
nanging
sawise aku penjenengan tuntun tekan tepis
wiringe
bengawan kana
apa bakal
ketemu biyungku kang wis murca sesidheman
yen mengkono
rak kaya impen tengah wengi kang kecunthel tekane raina
kang mrusa
lakune takdireing dewa bathara
sawise aku
lan Arjuna wis kadhung dadi mungsuh bebuyutan
+aja nambahi
dosaku dhuh anakku
sanajan aku
wis jejer ibune Pandhawa, nanging durung rumangsa mulya yen anakku
mbarep isih
ngulandara
aku pancen
biyung duraka kang wis nyelaki lairmu ing donya
mula gelema
kowe angluberna sih pangaksama
lan tekaku
mrene ora mung arep ngrangkul kowe
nanging uga
kepengin nglungguhake marang jejer kang samesthine
(eluh
trenyuhan ora bisa dibendung
muwuhi
wengine saya tumlawung)
-oh, ora
bisa dhuh Kunthi ibuku
kasunyatan
aku mung anak kusir Adirata kang sudra papa
kang ora
kepengin ngranggeh kaluhuran sing ngliwati ukuran
taline
katresnan kang wis dipunthes kanthi peksa
langka bisa
bali mulih karana manising janji lan pangiming-iming
apa maneh
mung dipameri runtuhing eluh kang wis kadaluwarsa
asor banget
budiku ngaku-aku anake raja-raja sinatriya kang ambeg utama
mula lilakna
aku bakal ayun-ayunan ing alaga karo Arjuna
+dhuh anakku
kang tuhu berbedu
geneya kowe
nduwa penjaluke ibu
kaya wis
pesthine dewa, aku kudu nyangga dosa tumekane pati
bibit
kaluputan sing mung sawiji sawi
jebul ngrembaka
dadi gedhe sundhul wiyati
bayi kang
lair seka guwa garbaku
ditakdirake
dadi mungsuh bebuyutan kadang-kadang dhewe
dhuh dewa
dhuh bathara
banjuten
jiwa raga kawula
(Kunthi
nangis ngguguk ing antarane gebyaring lintang
pengarep-arep
sakala ilang ing sungapaning bengawan)
-dhuh ibuku
kang daktresnani
aja
kebangeten nelangsa penggalihmu
mung aku
nyuwun puji pangestumu
muga-muga
aku tansah manggih yuwana
senajan
pesthine kudu ngakoni kaunggulane Arjuna
dadi
bantening perang Baratayuda
dhuh ibu,
apa garising urip kudu dakprusa klawan degsiya
kaya nalika
lairku duk semana ditinggal ana pinggir bengawan ijen wuda
saengga kudu
mecaki papa cintraka lawan wareg pangina
mula
tinggalen ijen maneh aku anak kene tanpa tidha-tidha
kareben bisa
ngantepi darmaning satriya tama
(Kunthi meh
wae ambruk kapidara
klawan
rereyongan banjur ninggalake bengawan
kadiparan
nglari sesotya kang wis musna saka embanan)
(Antologi puisi 1940-1980, editor Suripan Sadi
Hutomo)
0 komentar:
Posting Komentar