RSS

GURIT TANI



Paman Tani
 Dening : Rahajeng Fitria Wahyuni Putri


Jroning era pembangunan iki
Labuh labetmu tanpa pepindhan
Tumrap bangsa miwah negari
Ing babagan budidaya pangan

Udan panas tanpa kokgagas
Kebo sapi tansah ngrewangi
Jroning makarya ngolah sawah
Kanggo nyengkuyung program pamerintah

Nggaru lan ngluku ing saben wayah
Tanpa metung wegah lan sayah
Kang kokpikir mung asiling pari
Nalika panen wus winanci


Paman tani lan bibi  tani
Patuladhanmu nyata pinuji
Jroning sengkut gumregut makarti
Kanggo karaharjaning sesame

Ing dhadhanu patut dak renggani
Saka guru pembangunan sejati
(Djaka Lodang .  No 11, 14 Agustus 2010)


Nandur Pari Jero
Dening : Dr. Sudi Yatmono


Nandur pari jero
Gemi satiti ngati-ati mring wiji
Sabar tlaten makarya olah kisma
Wani rekasa
Jaman ganti tumimbal jaman
Mangkono uga tradisi tumekaning teknologi
(teknologi kuwi rak ya sambungane tradhisi)
Mung bae beda-beda sing ngarani
Nandur pari jero
Katrajang ama kaprusa bancana donya
Apadene kang pusa
Durung pinaringan begja
Nanging tetep andhap asor ngagungake panarima
Jer iku nugraha samantara
Kang ngrengga rekadayaning manungsa
Bebarengan karo rajakaya nanggapi karsaning Kang Kuwasa
Bojo anak putu kulawarga sumilir ing pikirane
Nganti ora nggape awake dhewe
Sabuk galeng dhuwur galeng ngisor galeng
Kaya ora ana kang kapeleng
Kajaba kalumrahane bebrayane
Nandur pari jero
Kang diangen-angen mung udan
Jebul udane salah mangsa
Wolak-waliking labuh rendheng ndharendheng
Mareng ketiga dawa
Wis manekawarna budidaya
Arep apa
Nglunjak ora nyandhak mumbul ora jujul ngaya
Malah tuna
Nandur pari jero
Kang diangen-angen mung udan
Jebul udane salah mangsa
Bisane mung tetep setya ngenam pangarep-arep ngrajut
Katresnan nggeleng kapitayan
(Djaka Lodang . No. 44, 31 Maret 2007)




Paman Tani
Dening: Basuki Rahmat


Apa kang tiran cebake ing bumi
Winih-winih kang bakal nguripi
Nyawa sabrayat
Tangane wis padha kisut-kisut
Paradene isih tansah bikut
Nggarap-ngolah lemah satebah
Gandhulan uripe wong sasomah
Apa kan tinancebake ing bumi
Winih-winih saka ati kang murni
Turun maturun
(Jaya Baya no. 47, XVII, 27 Juli 1963)




Ngangsag
Dening : Rachmadi K


Pepering ani-ani pugut
Amaagut gaganing pari gabug
Nylagrak pinunggel aking
Aku melu ngarit
Tandur
Matun
Wulining pari-pari mentes
Tan uman angeneni
Tinapis wong kang winasis
Akh, wasis-wasising dhiri
Tan noleh wuri Samining jalmi wadaling nagari
(Panyebar Semangat. No 24. XXIV, 15 Juni 1957)



Kakotak-Kotak

Sawah jembar
Laladan bawera
Kutha ndesa rowa nderbala
Pategalan ngenthak-enthak
Kutha ndesa tinengeran bulak
Sawah jembar kakothak galengan sewu
Galengan sayuta
Tanggul tangkis bendungan lambe-lambe lamis
Mangsa rendheng banjir ngamuk
Bendungan jebol …
Galengan sayuta sirna
Sawah musna
Samodra luwih jembar
Segara luwih rowa
Luwih nderbala
Ombak mratah tumlawung sagunung-gunung
Prau laju karangkul ombak gumulung
Layar dak inger nyungkemi kota pahlawan
Prauku bali mangetan
Mulih ….
Kumpul bojo kumpul anak
Urip iki dadine luwih kepenak
(W. Santoso, Panyebar Semangat no 15, April 1975)


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar