SEKOLAH
Kanthi jangkah
kang linambaran tekad,
Lan ati sumringah
Mlaku ngener
sekolah
Aku mangkat
sekolah
Langkah kang
manteb
Kang ndhasari
atiku manteb
Tandhane wajibe
sregep
Atiku seneng
banget
Arep ketemu
kanca-kanca
Kang wus manjing
dadi mitra
Neng ndalan tansah
sopan
Supaya bisa lumaku
nggayuh kamulyan
Adoh saka laku
ngiwa
Kang bisa
ngilangake tindak prayoga
Sekolah wakiling
simbah
Kang wis ora bisa ndongeng
Pitutur kang bisa
gawe ati ora semplah
Sokur bage aku ora
keconggah
Gawe senenging
bapa simbah
Slamet ora kakehan polah
Slamet ora kakehan polah
SEKOLAH
Dening : Mujiyono, B.A
Swara gemlonthang, pengkuh pituduh
aweh pratandha lila legawa, tadhah manembah
bang- bang wetan sumunar abang
kemul linempit siyaga rerakit
tabuh enem wus sumanggem
nedya mecaki dalan-dalan kamulyan
iki wajibe dadi murid ....
kanthi lelaku luru ngelmu
saka bapak ibu guru
simbah kang paring wewarah kudu sekolah
dimen dadi bocah kang lembah manah
pinter bener lan pener, jujur cinatur luhur
inggih Mbah matur nuwun .....
(Djaka Lodang No 25, 17 November 2012)
wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara
gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan
sajroning ati
(PANJEBAR SEMANGAT Edisi 4 Tahun 2008, Surabaya, Budhi
Setyawan)
Nalika rembulan moblong ucul saka gendhonganing jagad
Ayo, gegancangan mapag abyoring lintang mayuta
Dimen biruning langit kang bakal kagelar ing wengi iki
Bisa kok gambari pangangen-angen geganthaning uripmu
Nalika rembulan moblong mancati tataraning langit
Ayo, gegancangan mapag tumuruning tetes atising embun wengi
Dimen gegambaran geganthaning uripmu
Bisa kok pulas karana abanging sedya
Nalika rembulan moblong panjer tengahing wengi
Ranggehen abyoring lintang mayuta
Lan jumputana tetes atising embun wengi
Kang kekinclong ing pucuk ijoning gegodhongan
Dimen geganthaning urip kang wus ginambaran
Ing jembaring pangangen-angen
Bisa pinatri ing ati sanubari
Lan nalika rembulan moblong wus pangklong tumpak gigiring arga
Sumetana oboring laku lan cawisna tekening urip
Dimen gegambaran geganthaning urip kang wus kapatri
Bisa kababar bareng mletheking baskara esuk.
REMBULAN MOBLONG
Dening
: Sdwijosusastro

Wis
Ora Ana Maneh Kanggo Kowe
Wis ora ana
maneh kanggo kowe, anakku
dongeng
kancil apa utheg-utheg ugel
nyengkelit
kudhi bujel
pak guru
repot penataran, ibu asring tindakan
wacanen
dhewe ing kamar
komik
bionik, flash gordon, lan sailormoon
ing kono ha
– na – ca – ra – ka , asawang layon
wis ora ana
maneh kanggo kowe anakku
nglangute
pangkur palaran
swarane
gendhing dolanan
yen rembulan
ndadari sumunar padhang jingglang
setelan
dhewe video game, kaset obralan, lan tamagoci
amarga wis
ora keprungu jamuran ing wayah wengi
nini thowok
kari bathok sumendhe gowok
neng kamar
simbah muwun sesenggukan
nangisi dina
wuri kang ilang
o, putuku
kabuncang angine jaman
kabeh pangan
akeh kang imporan
ombyaking
jaman
bisa kacegah
kanthi iman sing mapan
0 komentar:
Posting Komentar