Guyup Rukun
Dening : Sdwijosusastro
Kembang
terong Megar siji dipethik uwong
Dhothong-dhothong
nunggu Kenya sing moblong-moblong
Ayo
kanca gotong royong aja amung domblang-domblong
Ning
nong nang nung neng nong ning nooooooong…….!
Gotong
royong iku
Semut
pindhane
Tawon
saumpamane
Rayap
tuladhane
Si
blekithi
Nadyan
alit ringkih
Tansah
nengenake komunikasi
Guyup
rukun anggung den jagi
Engga
kwawa ngusung boga gung aluhur
Pakaryan
abot bisa rampung
Si tawon
anggung sumanggem
Ngayahi
karya sowang-sowang
Datan
wor suh sajuru-juru
Tanggap
tangguh tanggon
Guyup
rukun rumeksa sang prameswari
Mider-mider
njajah wreksa milang sari
Luru
madu pinustika
Yekti
migunani sagung dumadi
Tumrap
si bremara
Sumarambah
jalma manungsa
Kinarya
usada sakeh memala
Iku
gambarane manunggal golong gilig
Adil
makmur bisa klakon
Si
rayap nadyan katone remeh
Kanthi
sareh pekoleh
Arsa
yasa Ardi
Ngusung
siti rina wengi
Alon-alon
bisa klakon
Dadya
gegumuk
Magrong-magrong
kukuh bakuh
Kanca ,
….
Walang
wulu antaga wae
Bisa
Saiyeg saeka praya
Urip
rukun gotong royong
Geneya
ing jaman iki
Gugur
gunung luntur
Sing ana
Nggugur gunung
Nyukur
alas nganti gundhul
Mangka
iku warisane anak putu
KERUKUNAN
Dening : Sunardi
KS
Kerukunan iku kaya unine siter
Senajan saka senar kang beda-beda
Nuwuhake endahe wirama
Yen kabeh yaga kudu nyuwara
Tanpa genti-genten menehi kalodhangan liyan
Ora bakal nuwuhake lagu
Kang kepenak dirungu
Kerukunan iku kaya kartika ing akasa
Nduweni papan kang mardika
Kerukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Ngayahi jejibahan kang ora padha
Kerukunan iku kaya driji-driji tangan lima
Yen salah sawiji sulaya
Ora bakal nduweni daya
Kerukunan iku kaya hawa
Kang tansah mlebu metu bolongan grana
Tanpa ngawistara
RUKUN AGAWE SANTOSA
Dening : R. Tantiningsih
Kadangku……
Donya iki dudu duwekku
Donya iki dudu duwekmu
Mula
Aja rebutan panguwasa
Aja rebutan bebener
Kadangku………
Elinga,
Aku lan kowe ora bisa urip
ijen
Aku lan kowe kudu urip bebarengan
Sayuk rukun
Gotong royong
Bahu binahu
Adohna rasa drengke srei
Jail methakil
Gedhekna rasa tepa slira
Urip bakal tentrem ayem
0 komentar:
Posting Komentar