RSS

GURIT WAYANG


NONTON WAYANG NGAREPAKE ESUK
Dening : Suhindriyo



Langit wetan bang rerayungan
Ngudang pangamuke raja sabrang ngrabasa desa
Kelir burem blenconge kepangan upil
Wrekudara sengkeyengan mundhi gada rujak pala
Pak dhalang ngusap bledug pucuk-pucuk cempala
Kothak didodhog krasa amem
Tayungan pelog larase megap-megap
Janur kuningwis ora kuwat ngucap
Ndak ranggeh thuthuk saron tugel garane
Kanggo ngrewangi ngracik demung theklak-thekluk
Dursasana jingkrak-jingkrak ngganyang krupuk
Mung sakregedan kumremese
Aku bingung nggoleki kanca
Jebul tayungan wis sepi wong
Kari gayor meteger pojok joglo
Tampar gong wis ora kuwat nyangga
Dhuh biyung tulungana aku
Sikilku dhengkelen ora kuwat mlaku
(Jaya Baya no.50, 11 Agustus 1991)


PAKEM PAKELIRAN

(lakon : the dream of javanese inslander)

Dening : Es Danar Pangeran

Wengi lan angin wingit iki tetep cubriya
Nunjem jiwangga lumuh para sukerta
Ing sakothak paraga wayang
Ana reca-reca kayu
Kaku
Lan mosik saka tatah pakem
Ya cundrik pakeliran surem-surem
Mangka sang blencong katerak balak

He kanca, kene rebuten kanca
Yen sakehing satriya padha lampus
Ndandani praja lan negara
Geneya kang antuk kanugrahan
Mung duratmaka adoh paran
Apa nora eman?

Wengi lan suluk saya ampa
Ngrajuti layone para paraga
Kang nantang perang kembang
Banjur saka adoh tembang cangik memeri
Ratune ratu buta

:he kanca, kene rebuten kanca
Yen sakabehing satriya padha pupus
Ing gegayuhane ndandani bumi pertiwi
Apa nora kajangka ing layang pangaji
Dadi jago tanpa taji
Tigas jaja setor pati
Ah, banjur sapa kang bakal nangisi?
(Lamongan, pungkasan 1994 : Mekar Sari No.46, 12 Januari 1996)



LEPASNA JEMPARINGMU
KANGGO RESI BISMA


Lepasna jemparingmu Sri Kandhi
Kareben pucuking nyigar lan nyucup getihku
Aja rangu-rangu
Marga kowe dudu wanita kang tuna gumelare emansipasi
Pangrasane Sri Kandhi kesilep pedhut
Elingku ngiris brambang ajur sawalang-walang
Aku kudu mundur ora kepenak
Ayo Sri Kandhi,!
Kowe lan aku madeg senapati ,
Adhepana Bisma !
Wong tuwa kurang pakra kang njalari pletheking Baratayuda
Kurusetra malih kumenclang
Bisma terus ngrangsag
Rikmane putih,
Jubahe putih
Atine putih
mega-mega ing langit wus kebak langes
Sri Kandhi kekes menthang gendhewa
Kapanjingan Dewi Amba:
“Bisma jaman kawurimu bakal dadi mala”
Bisma gumebrug rikmane putih abang getih
Ati putih kebak getih
Bisma bisane mung njerit lirih :
“Ibu, aku mung netepi janji lan ngurmati ajining dhiri”



WAYANGE MAS DHALANG SASTRA

Dening : Sumarsono

Wayange wis bubaran
Dursasana wis gugur ing palagan
Pandhita durna mung kari aran
Wis ora ana banjir getih abang ngatirah
Wis ora keprungu swarane prajurit bandayuda
Langit bali sumilak
Tegal kuru setra wis ora ana bledug ampak-ampak
Embuh wis ping pira
Arjuna lan para garwa
Among tresna sinengkuyung rasa begja
Ing sajroning kothake mas dhalang sastra
Saiki
Mas dhalang sastra bisa sare kepenak
Nanging
Sing nonton  wayang isih pating jrabing
Ngenteni dursasana diuripake maneh
Ngenteni pandhita durna diuripake maneh
Ngenteni wayange mas dhalang sastra wiwit maneh
(Mekarsari No. 19, 5 Juli 1989)


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar