RSS

GURIT JIWA



SITER GADHING
       Dening : Djaimin K



Aja disetel kenceng-kenceng iki siter
Siter gadhing sumbering geter ati
Nadyan suwarane cumengkling nyaring
Nanggapi osiking jagad
Nanging serat-serat alus wajane,
Gampang putus
Satemah lampus

Balik yen disetel kendho
Genah swarane blero
Yen jagoa jago kapuk
Tan wani kluruk!

Prayoga disetel samadya
Iki siter gadhing rerengganing dhadha
Murih wiramane laras
Ora kemrranyas

Kanthi swara sutra
Sapa ngerti kwawa ngeluk gligen waja
Siter gadhing gadhuhan-Ne
Yen swarane laras,
Muga: Nuju prana! 
(Panyebar Semangat No. 47, 20 Nopember 1993, Pemenang Hadiah Sastra Rancage)


Endi Dununge
Dening : Senggana

 

Sun iki turune Sang Gotama
nedya nggoleki jimat sejati
cupu manik asthagina

   Sun tlasak sakubenging wana
sun kebur Tlaga Madirda
sun silemi dhasaring pratala

Megeng napas njejak siti bantala
del mumbul ing jumantara
tumekeng mega lapis sapta

Sun sawang keblat papat
kidul wetan lor lan kulon
nanging tan ana katon

Nuli ambles ing dhasar bumi
nedya takon mring Ibu Pertiwi
endi dununge jimat sejati
tan kasil kapeksa bali

Ana tembung tanpa sabda
ana swara tanpa rupa
yen cupu manik Asthagina
manggon aneng telenging nala

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar