RSS

GURIT JAMAN



JAMAN

Dening : Muhammad Yamin M.S


Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewer
Ndhelik sor ngemper
Ngerti-ngerti ketiban genter
Alah bapak balung sate
Uripku ijen-ijenan
Nong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nung

Rekasane urip jaman geger
Ati ora jenjem mangan ora tentrem
Turu ora bisa merem
Pating jledhor bedhil mriyem
Oh, Paiyem…. Paiyem, bojoku sing mati kaliren
Bubar nglairake anak wadon nalika perang rame
Mula bocah wadon mau dakjenengake “Rame”

Oh, Rame-Rame kowe saiki wis genti duwe anak lima semega-semega
Urip jaman merdika, enake apa-apa ana
Kliwat ngedan dadi brandhalan
Omben-omben, mabuk-mabukan
Tan ngerti bedhahing kamardikan

Aku tumbaling putuku
Lelabuhan jebul aji watu
Saiki jaman maju
Apa-apa kolu
Jaman mau wong urip sarwa kesusu
Mlebu-metu neng hotel nyandhing wong ayu
Lah Bapak ra ngerti saru
Sing neng ngomah padha padu

Damen-damen pari-pari
Biyen-biyen saiki-saiki
O, slamet, slamet
Jamane bundhet ruwet
Ora eling labuh labet
“E , bocah-bocah …. Jaman rong ewu neng ngarepmu
Mangsa borong, neng pundhakmu jaman dadi abang biru
Aku ora ngaru siku, wis simbah turu!”

(PANGILON, ANTOLOGI GEGURITAN FKY)



JANGKA
Dening : Sdwijosusastro


Swara dumeling wecaning pujangga
Urut rumasuk ing dhadha jiwa Jawa
Jaka Lodhang
Sabda Pranawa
Anderpati ngulati ubenging jagad
Rodhaning jagad rinegem jangka
Nitihi nam-namaning nasib manungsa
Obah mosik anut wasesaning Kawasa

Jangka jagad jejeg jumangkah
Ngregem wektu wewentehan
Jayaning jagad jinunjung karana jangka
Jejembering jagad jinebol karana jangka
Jangka-jangka kuna
Kinodrat mberat reretuning rat
Ratu-raton rengeting rakyat
Rinempu remuk karana jangka

Oh
. Ronggowarsito
Jangkamu ajeg jumangkah
Njangkahi jaja-jaja jagad alit
Njangkahi jembaring jagad agung
Jangka-jangka kuna
Rineksa rape ting jagad sunya ruri
Anut jaman kelakone
Obah mosik awit wasesaning Kawasa

Sang pujangga wus mbuka wiwaraning warana
Sabda Pranawa wus kawuri
Napaki windu kuning
Si Wewe Putih kang gegaman tebu wulung
Mrajaya wedhon kang idune mandi
Jaka Lodhang ngedhangkrang sru muwus:
Gunung mendhak-jurang mbrenjul
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
Nanging
Mendhaking si gunung tetep katon agung
Mbrenjule si jurang gesong tetep jugrug
Tan kawawa pepayung song-song agung
Mbok parawan sangga wang dhuhkiteng kalbu
Buneging kalbu mbudidaya nggugah bangsaku
Kang sayah kasulayah awit kuku wisaning penjajah
Linambaran donga- sesanti:
Sura dira jayaningrat, lebur dening pangastuti
Bangsaku gumregah galeyah-galeyah
Kanthi gagah ambnedhah ruji-ruj penjajah
Wecaning pujangga kang wus pinasthi:
Sajroning madya akhir, Wiku Sapta Ngesthi Ratu
Ratu-raton rengeting rakyat rantas
Indonesia : Merdeka!!!!!
Kamardikan dudu gayuhan pungkasan
Kamardikan amung titihan rukmi
Siji kang den ancas: Masyarakat adil makmur

Tinemune wong ngantuk anemu kethuk,

Malenuk samargi-margi,

Marmane bungah kang anemu,

Marga jroning kethuk isi,

Kencana sesotya abyor
 

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar