BALADA ARYA PENANGSANG
Dening : Poer Adhie Prawoto
Iki arya penangsang
Adipati ing tlatah jipang
Wiwit bayi wis tininggal bapa
Keli ing bengawan katula-tula
Iki putra surawiyata sang
adipati
Saka dagan-lasem kang pinundhi
Ing bintara suthik maraseba
Crah rumakete kadang atunggal
bapa
Tujune, ah, tujune
Kesangsang ing bengawan
tinulung njeng sunan
Binopong pinondhong ki ja’far
sidik
Ginulang wewarah kyai kesdik
Ginulawenthah ing panti kudus
Jaya kawijayan kasekten tulus
Eyang ja’far sidik pranyata
wegig
Walimullah jawi gilig ingulig
Iki arya penangsang
Iki panguwasa tlatah jipang
Gempung atine awit apus krama
culika
Linengser rikala srasehan duk
samana
“he, jaka tingkir ya
hadiwijaya
Dhampar kraton kok rebut agawe
cuwa
Pidak padarakan sing
kesinungan beja
Prajurit andhahan dupeh dadi
mantune nata”
“suthik arya penangsang
maraseba
Apa maneh asok bulu bekti
rajabrana
Suthik arya penangsang andheku
amarikelu
Repepeh-repepeh nyembah ratu!”
Ya ing kana ta wau sang arya
prakosa
Ambalela mbondhantanpa ratu
Mukti wibawa ing bumi jipang
Sinubya sinembah kawula tuhu
Nalika samana sang adipati
Matah para sureng gawe pepati
Nyebar ontran-ontran dimen
kewran
Prawata lan kalinyamat
sakukuban
Ya ta wau, geger kraton pajang
nenggih
Maling kecu angembrah gawe
sungkaweng galih
Para sureng nyata kejem
awengis
Ing padesan nyebar rasa kekes
lan tangis
Tan sranta njeng sultan pajang
Angrekadaya amrih sang arya
mendha
Nanging prajanjen datan
tinampi
Wis kadhung gempung iki lumere
ati
Ya kareben pecah perang kadang
Ya kareben wis sakawit wis
kadhung nglawan
Ambalela wegah maraseba
Luwung bathang-gathang sayuta
Uga arya penangsang
angrekadaya
Nyebar telik sandi mrih
hadiwijaya pralaya
Ja’far sidik ya njeng sunan
kudus angrantam
Tumindak nlisir emban cindhe
emban siladan
Ya kareben pecah perang kadang
Ya kareben geni mulat kobar
jipang
Ing kene ana sapletik kasekten
lumawan
Rangga mataun lan para sureng
jago pilihan
Keris setan kober pusaka
piyandel
Gagak rimang titihan bisa
diendel
Iki dhadhaku hadiwijaya
Pidak padarakan amurang tata
Kobar perang lumawan padha
kadang
Rangga mataun sung pitutur
mawanti-wanti
Eyang nawangdipura kyai balun
sekti
Wohing kamenangan bisa dianti
“aja kenranang jebeng
panangsang
Apesmu yen bengawan sore wis
kok-trajang
Ablis mangkata perang
Jer sliramu tinitah lanang!”
Layang panantang amangsi abang
Ajur jinuwing wani
Sutawijaya rak labi bocah
wingi
Nantang wani penangsang sekti!
“ayo, aja nyoba-nyoba mring
wak mami
Undangen mrene sing gerang
kuwi
Iki putra jipang sura sekti
Mlumpata wetan bengawan yen
nyata wani!”
Prajurit pajang surak
agliyak-gliyak
Andumuk panangsang jirih
pedhang
Prajurit pajang alok
bengok-bengok
Penangsang luwih becik dadi
wedok
Mak brabat sang arya nyengklak
turangga
Gagak rimang tinitihan mlumba
menjila
Ngerti apa karepe bendara
Ngerti apa kang bakal tumeka
Gagak rimang ambrengingeh
gemang nyabrang
Sineblak mlumba nggedrug
bantala
Kobar dhadhane arya penangsang
Winadanan wedok aluwung
pralaya
“nyabranga kali, he , sang
arya, yen kowe wani
Sutawijaya wis nunggu
anganti-anti
Iki prajurit pajang
asurak-surak
Apa kowe sing bakal
dak-larak!”
Arya penangsang lali
diwanti-wanti
Kebranang atine diwadonake
jroning palagan
Gagak rimang ginetap wani
nyabrang kali
Surak ambata rubuh ngumandhang
saka panolan
Perang campuh kadang
Keris lan tumbak
anjati-ngarang
Swara panjerit lan pisambat
Tangis lan pangrintih
arawat-rawat
“ayo penangsang! Iki
tandhingmu
Sutawijaya bocah wingi dadi
mungsuhmu
Ayo majua! Ayo majua! Prajurit
sekti
Harak suthik lumajar wani”
Perang campuh kadang
Penangsang lali pitutur rewang
Ati kebranang kobong kemamang
Ati kebranang ngajak tumandang
Mak brabat sang arya
anyengklak turangga
Tumbak ingundha mumbul sundhul
mega
Wong-wong pajang bali
surak-surak
Aja wedi kelangan sanak, aja
wedi kelangan sanak
Perang campuh pepuletan
Sutawijaya numpak belo ajaran
Mandhi tumbak kyai pleret
sekti
Peparing dultan hadiwijaya
wuri
Gagak rimang lan belo ajaran
Mubeng kekiter gawe kalangan
Sinubya prajurit anantang wani
Sapa sing unggul ing palagan
iki
Kalamun lena ing tumindak
Pindha gebyaring thathit kyai
pleret nyabet lambunge sang aladak
Mbrodhol usus getih abang
muncrat
“he, sutawijaya, sutawija!
Nyata kowe keparat!”
Sang arya penangsang adipati
jipang
Ngronce usus ginubelake keris
pusaka
Setan kober ngoyak si danang
candhala
Kang sinurung ki pemanahan
culika
“he, aja lumajar kowe, thole
Iki penangsang wis kadhung
kebranang
Tampanana astaku dina iki
patimu
Tumenga ing akasa sambata wong
atuwamu!”
Sutawijaya ya si danang aglis
cinandhak
Nglumpruk ngalentrih rikma
kajambak
Den ontang-anting sirahe
meminta kawelasan
“adhuh paman, aku bakal sirna
ing palagan!”
“patenan bae, si danang!”
“tamakna pusakamu,
penangsang!”
“patenan bae, sutawijaya!”
“penangsang sing bakal
kuncara!”
Pemanahan surak-surak
Penjawi gumuyu lakak-lakak
Langite kelap-kelap
Bumidenpidak amengkap-mengkap
Penangsang, ya ta wau,
penangsang
Wis ora ngrungu pasemon tuture
rowang
Datan praduli pituduh
mawanti-wanti
Dumeh satriya sura sekti
Setan kober aglis ingunus
Lali yen ginubel ponang usus
Dhel .... getih muncrat abang
angatirah
Mbalabar ing bumi
malambah-lambah
“Hooooiiii, keparat
sutawijaya!
Keparat hadiwijaya
Penjawi pemanahan iblis setan
Bisane mung ngupaya cilakaning
liyan!”
Mati ngadeg arya penangsang
Mati ngadeg adipati jipang
“iki adipati sing tansah
digegadhang
Pralaya ngadhepi culikane
kadang!”
Prajurit pajang surak
abliyak-gliyak
Sutawijaya anyembah kalayan
mendhak
Banjur lumajar angadhep
pemanahan lan penjawi
“pakaryan dursila sampun kula
ayati, dhuh kyai!”
(Cakra Manggilingan, Antologi
Gegeuritan lan Cerkak FESTIVAL KESENIAN YOGYAKARTA V 1993)